PERPUSTAKAAN, SWARGANE SI TUKANG NULIS
Keisya Avicenna
Wednesday, January 13, 2016
0 Comments
Nyantai di Kafe Lingga, Hotel Lingga Bandung |
Nalika aku isih cilik,
aku seneng banget maca. Wong tuwaku
banjur langganan kalawarti bocah, kaya Majalah Bobo lan Donal Bebek. Nalika aku
wis SMP lan SMA wong tuwaku ganti langganan kalawarti kanggo remaja, Majalah
Aneka Yess lan Majalah Annida. Jaman semono, Bapak uga langganan ariwarti,
layang kabar sing metune saben dina. Sanajan gajine bapak dadi pegawe gur
cukupan, nanging bapak lan ibuk seneng nek keluargane dadi pinter lan jembar
wawasane amarga maca. Sak omah dadi seneng maca kabeh. Ana ing ariwarti apa
dene kalawarti kuwi kamot sawernaning kawruh kayata bab agama, bab tetanen, bab
dedagangan, bab politik, bab seni, bab sejarah lan sakpanunggalane. Akeh banget
faedahe.
Amarga seneng maca, aku
yo dadi bocah sing seneng nulis crita. Nganti aku tau melu lomba nulis lan
ngringkes buku wacan. Nalika iku, aku bisa makili Kabupaten Wonogiri lomba neng
tingkat Provinsi Jawa Tengah. Seneng banget atiku.
Wektu preinan sekolah,
aku karo kembaranku kerep lunga nang perpustakaan. Aku maca lan nyilih buku.
Saben dina aku ngisi wektu liburanku ana ing perpustakaan kuwi. Kala-kala
janjian karo kanca-kanca ben iso dolan bareng.
Nganti
sak iki aku wis urip bebrayan ing Semarang, aku isih seneng maca buku lan
langganan tuku kalawarti. Aku uga seneng lunga nang perpustakaan. Ana ing kutha
Semarang, aku kerep maca buku utawa nyilih buku nang Perpustakaan Wilayah
(Perwil) Provinsi Jawa Tengah, sing manggon ana ing Jalan Sriwijaya.
Perwil
ana 3 tingkat. Tingkat dasar kanggo panggonan ngurusi administrasi, koyo
pendaftaran lan nggawe kartu anggota anyar. Menawa arep gawe kartu anggota,
kena bayaran Rp 10.000,00. Ana ing tingkat dasar iki uga ana ‘playground’,
panggonan kanggo dolanan bocah-bocah. Kajaba kuwi, uga ana loker, WC, lan
mushola. Munggah nang lantai 2, ana loker maneh. Loker gunane kanggo nyimpen
barang-barang . Awake dhewe mung diolehake nggawa piranti-piranti sabutuhe bae.
Cukup nggawa dompet, HP, buku catetan, piranti kanggo nulis utawa laptop. Nang
lantai 2, ana ruangan khusus kanggo maca buku anak-anak lan remaja, uga ana
ruangan khusus kanggo maca buku nonfiksi, buku novel uga dipisah ana ing
ruangan dhewe. Sabanjure, ana ing tingkat 3 ana ruangan kanggo nyimpen buku-buku
kuno lan arsip-arsip liyane.
Neng
Perwil Jateng, ana buku-buku sing ora iso disilih kaya buku ensiklopedia,
nanging iso di-fotokopi. Ana petugas sing bagian motokopi. Dadine rasah kuatir
mbok menawa ana bagian penting saka buku ensiklopedia sing dibutuhake, iso
di-fotokopi sakperlune. Sakwise nemtokake buku sing arep disilih, awake dhewe
banjur nyang meja petugas. Saiki perpustakaan wis soyo apik lan modern, nganggo sistem komputerisasi, wis ora
perlu dicateti siji mboko siji. Kari nunjukake barcode (barcode buku lan kartu anggota perpustakaan) nang alat,
langsung diproses kanthi otomatis. Neng cedhak lawang metu uga ana piranti detektor sing gunane kanggo ndeteksi menawa
ana pengunjung perpustakaan sing ‘nakal’ (nyilih buku nanging ora ijin). Kesel
maca buku utawa sakwise nyilih buku, iso mampir jajan ana ing kantin sisih
perpustakaan. Perwil Semarang pancen panggonan sing cocok banget kanggo ngangsu
kawruh lan refreshing.
[*]
Kanggo
wong sing seneng moco lan uga seneng nulis crita kaya aku, ana ing
perpustakaan prayogane wis kaya ana ing ‘swarga’.
Buku-buku sing ditata rapi ana ing rak buku, ambune dluwang sing khas, nggawe
aku betah suwe-suwe ana ing perpustakaan. Pilihan buku sing isa diwaca lan
disilih ana werna-werna. Opo meneh nek aku lagi akeh entuk gawean nulis.
Perpustakaan dadi panggonan favorit kanggo nggolek referensi wacan. Kajaba
kuwi, perpustakaan (Perwil Jateng) iso dadi kantor kapindhoku kanggo nyambut
gawe. Tukang nulis crita lan nulis buku wacan dadi gaweanku saiki. Aku iso
entuk dhuwit (royalti) saka nulis.
Sadurunge nulis, aku kudu nggolek referensi (sumber wacan) sing iso nglengkapi
tulisan-tulisanku. Perpustakaan (Perwil Jateng) bener-bener dadi ‘swarga’ kanggoku,
si tukang nulis.
Kajaba
buku, neng Perwil Jateng uga ana fasilitas sambungan internet (Wi-Fi) gratis
sing super cepet. Umpama pas aku ora nggawa laptop, ana komputer sing iso
digunakake. Wah, tambah seneng atiku! Bukune lumayan komplit lan ditata kanthi
rapi, ruangane jembar, fasilitase mbantu nggarap gaweanku nulis.
[*]
“Buku yaiku jendela dunia lan maca sing bisa
dadi kuncine.”
Nanging
jendela tanpa omah banjur opo dadine? Perpustakaan kuwi sing dadi omahe. Akeh
wong, ora mung siswa, mahasiswa, peneliti, pegawai, ugo wong kang iseng-iseng
wae kepengen maca buku padha menyang perpustakaan. Dadi ora bisa dipungkiri
menawa perpustakaan bisa dadi salah sawijining panggonan kang migunani.
Kanggoku
perpustakaan akeh banget faedahe, kaya to :
1.
Panggonan sing nyawisake koleksi
literatur sing migunani.
2.
Bisa ngrangsang kesenengan maca kanggo
masyarakat amarga maca bisa dadi sumber pangaweruhan sing paling gedhe.
3.
Perpustakaan iso dadi panggonan kanggo refreshing.
4.
Akeh sumber informasi sing bisa
dientukake saka perpustakaan, lak sak panunggalane.
Amarga saka keuntungan
sing akeh kui, prayogane awake dhewe kudu seneng nggolek ilmu ana ing
perpustakaan. Awake dhewe uga bisa ngajak kanca utawa keluarga rame-rame
menyang perpustakaan.
Bandung, Desember 2015